A RetroSearch Logo

Home - News ( United States | United Kingdom | Italy | Germany ) - Football scores

Search Query:

Showing content from https://jv.wikipedia.org/wiki/ below:

Wikipédia, bauwarna mardika

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Para pamain drumblèk.

Drumblèk

ya iku drumbèn tradhisional kang asalé saka

Kutha Salatiga

. Drumblèk dadi salah sawijining

kagunan

gubahan kang ana ing tataran

bebrayan

, mliginé kanggo bebrayan ing Kutha Salatiga tumeka saiki. Jinis

musik

iki pancèn ora mlebu golongan musik kang lumrah jalaran pirantiné kajupuk saka barang-barang tilas. Nanging, lumantar owah-owahan barang-barang kasebut didadèkaké piranti musik kang aèng kaya salumrahé. Kagunan drumblèk luwih difokuské kanggo musik kang ditabuh ing jaban, kaya ta ing lapangan, sadawaning

dalan

, lan dilakokaké kaya déné drumbèn. Tembang-tembang kang ditembangaké déning drumblèk uga kapétung akèh wernané, ya iku saka

tembang-tembang dolanan

, tradhisional, nganti tembang

pop

kang wis ginubah manut piranti musik drumblèk. Kagunan iki diwiwiti déning Didik Subiantoro Masruri amarga wragad kang mèpèt kanggo tuku piranti drumbèn nalika Désa Pancuran, Kalurahan Kuthawinangun Lor, Kacamatan Tingkir, Kutha Salatiga arep mèlu ngramèkaké fèstival Ambal Warsa Kaping-41

Républik Indonésia

ing taun 1986. (

Waca candhaké

)


Manuk puffin Atlantik kang miber menyang koloniné ing Bakkagerði, Éslan.

Wikipédia

iku bauwarna (

encyclopedia

) kang cumepak ing manéka basa (

multilingual

) tur olèh

dibesut

(

edit

), diturun (

copy

), lan dipandum (

share

) sapa baé kanthi mardika (

free

). Amarga cumepak ing manéka basa, mula ana

Wikipédia basa Jawa

iki kang kababar ing surya 8 Maret 2004. Saben wong olèh

mbesut

, nurun, lan mandum kaca ing Wikipédia iki. Tegesé, kowé bisa mèlu ngripta utawa

nggawé artikel anyar

, ndandani artikel kang durung becik, mulihaké artikel kang

dirusak

, lan sapanunggalané. Wong-wong kang tumandang mangkono aran naraguna (

user

). Kowé bisa nyawiji karo para naraguna liya ing

paguyuban

saperlu nuwuhaké, ngrembakakaké, lan ngregengaké Wikipédia iki. Wikipédia iki minangka salah siji barang wetoning

Wikimedia Foundation

, siji pakumpulan nirlaba, kang kanggo sapa baé tur lelahanan (

gratis

). Kowé ora perlu mbayar saperlu nggawé akun lan maca artikel ing Wikipédia iki. Sapréné, wis ana

66.990

akun lan

74.604

artikel ing Wikipédia basa Jawa.

Ayo ngéwangi mbecikaké Wikipédia Jawa iki!

RetroSearch is an open source project built by @garambo | Open a GitHub Issue

Search and Browse the WWW like it's 1997 | Search results from DuckDuckGo

HTML: 3.2 | Encoding: UTF-8 | Version: 0.7.4